*Cerita
Sore ning Swalayan
Sore
wingi....
Aku
karo sepupuku jalan-jalan, belanja ning Kita Bersama Swalayan Bulakamba. Sore
kuwe swalayan lagi semadan sepi dadi bisa nglirak-nglirik ndeleng wong sing
pada milih belanjanan.
Pas
aku lagi ngantri ning kasiran. Aku ndelengna bocah cilik karo mamane lagi
belanja bareng. Sengaja ora sengaja tak perhatikena.
“ma,
aku pengen nginung.” jare bocah cilik, sing mau wis ngadeg ngarepe lemari
pendingin, mamane lagi milih-milih bedak ning tempat kosmetikan.
“ya
wis jukut nginungan sing teh, tong. Teh gelas bae.. “. jare mamane sibuk milih
bedak maning. Bocahe seneng, buka lemari golet inungan teh.
“teh
gelase laka, ma”. bocahe nyeru.
“ari
laka ya teh botol”. jawab mamane
Bocahe
mbuka lemari maning, goleti teh botol.
“teh
botol laka, maa..”.
“teh
Rio ya kena..”.
“anane
teh Sisri ma”. anake njerit karo nuding yu Sisri, jebule ketemu tanggane sing
lagi belanja ning swalayan keding.
“lah
kiye bocah, ya teh pucuk, goleti bokat ana”. mamane smadan stitik sewot.
“ma,
teh pucuk ya laka...Maa,“. Bocahe matane wis smadan abang, kayong wis ngelak
pengen nginung nemen asline.
“laka
teh pucuk, teh bongkot ya kena....” mamane nyewot karo nyengir. “ Pan nginung
teh ben angel temen..”. (bongkot = bonggol=batang pohon). Jebule kweh bocah
asline pengene milih concerto. :-D
Aku sing
mau ndelengna bae melu cengar cengir. Ning jero ati ngguyu kegugu.
Jare
tukang kasire.. “ mba,.. mba... kenang apa ganing gemuyu dewek?”.
Aku
dijiwit sepupune. “ hh...h...he he he bha...haha..., ora papa kok mba, lagi
seneng bae”. Karo nyengir mbayangna seumpamane
adegan mau aku karo anake aku.. ‘hsttt... durung nikah wis mbayangna due
anak. Jero ati melu seneng ndelengna wong tua karo anak brayan.
Hahahahah gokill juga kau sob-...!!! Cepatlah membina agar bayangan yg kau fikir jadi nyata-..
ReplyDelete-Semangat-
Aamiin... iya mohin do'anya yah sob :')
Delete